Wrekudara
Wrekudara iku sebutane Bima nalika wis gedhe. Jeneng nom-nome yaiku
Wijasena. Wrekudara uga sering diarani Bratasena satriya Jodhipati utawa
Munggul Pawenang.
Bratasena iku duwe watak jujur, ora gelem goroh, blaka suta utawa terus
terang, seneng mbela wong kang ringkih, lan setya marang janji sing diucapke.
Bratasena sekti mandraguna, yen perang ora tau kalah. Timbang kalah perang
aluwung mati. Bratasena kasinungan utawa duwe kuku Pancanaka ing jempol tangan
tengen lan kiwa. Kuku pancanaka landhepe tikel ping pitu peso cukur, tur mawa
wisa.
Bratasena
satriya dhegus, gedhe tur bagus, dipundhut putra angkat dening bathara bayu,
dewaning angin. Mula bratasena uga aran Bayusuta. Suta tegese anak, Bayu padha
karo angin. Dadi Bayusuta tegese anak angin. Bratasena yen mlayu, playune
didhisiki angin lan ditutake angin.
(Sumber
: Basa Jawa 3)
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar