Serat Kaca Wirangi
Serat kaca wirangi inggih punika dedongenganipun peksi
perkutut dhumateng peksi derkuku mralambangaken pepindhan bab adeging
gesangipun manungsa. Cariyos Dipun wiwiti saking ginemanipun kupu petak, abrit,
jene, wungu, ijem, biru kaliyan cemeng ingkang sami mameraken warni ingkang
dipun gadahi. Kados kupu petak gadhah panganggep warni petak punika
mralambangaken kasucian kaliyan kajujuran, kupu abang ugi gadah panganggep
warninipun langkung sae kaliyan dipunremeni lare-lare alit, kupu jene ugi boten
katinggalan gadhah panganggep warninipun mriyayeni kaliyan boten juwarehi, kupu
wungu gadhah panganggep warninipun guwaya, kupu ijem gadhah panganggep
warninipun langkung becik kaliyan boten boseni, kupu biru gadhah panganggep
biru punika warni ingkang langkung becik, semana ugi kupu cemeng gadhah
panganggep warni cemeng punika saged ngawonaken warni-warni sanesipun.
Saking cariyos punika Peksi perkutut lajeng maringi dudutan
inggih punika, sejatosipun sae utuwa awon punika miyos saking anggepan raos.
Menapa ingkang dipunremeni punika ketingal sae, ingkang awon dipun tutupi.
Sampun kodratipun, manungsa remen ngalem piyambakipun.
Cariyos dipun lajengaken, wonten sesotya pethak, wasta
sesotya manik maya, ngendika kaliyan kupu, menawi sedaya ules ingkang kupu
gadahi punika sae, inggih wonten petak, abrit, jene, wungu, ijem, biru kaliyan
cemeng. Nanging menawi namung warni kemawon tanpa cahya, inggih dados cebleh.
Ibaratipun manungsa ingkang bagus pasuryanipun nanging boten gadhah cahya,
inggih mboten wonten prabawanipun. Lajeng wonten sesotya abrit, wasta sesotya
geni maya, mameraken cahyanipun ingkang abrit abramara kados geni mawa. Wonten
malih sesotya jene, mameraken kaendahanipun, inggih punika cahya ingkang jene
sumunar, wasta sesotya mirah delima. Wonten malih sesotya wungu, mameraken
cahya ingkang wungu mengesm wasta sesotya manik pusparaga. Wonten malih sesotya
ijem, mameraken cahya ingkang ijem ngenguwung, wasta sesotya tinjo maya. Wonten
malih sesotya biru, mameraken cahya ingkang biru muyek, wasta sesotya manik
nila pakaja. Wonten malih sesotya ingkang cemeng, mameraken endahing cahya ingkang
cemeng meles meleng-meleng, inggih punika wasta musthikaning bumi. Sedaya sami
endah ing pasuryan, mangertosi punika wau, kupu sami kucem. Amargi jebul
langkung endah sesotyanipun katimbang kupunipun.
Saking cariyos punika saged dipun pundhut dudutan,
manungsa punika dipunhormati kaliyan dipun ajeni boten namung saking pasuryan
kemawon nanging saking padhang utawa kaweningan, inggih punika ulah budi.
Cariyos kalajengaken, gineman antawis berleyan kaliyan
para sesotya. Berleyan ngendika menawi kadadeanipun warni inggih punika saking
cahya. Tanpa cahya boten wonten warni. Berleyan lajeng maringi pirsa dhateng
para sesotya, pilih antawis gadhah warna nanging cahyanipun namung sedheng
utawi boten gadhah warni nanging cahyanipun seged ngungkuli sedaya ingkang
gadahi warni. Sesotya boten wonten ingkang mangsuli, lajeng berleyan mangsuli
piyambak, menawi panjeneganipun langkung milih boten gadhah warni nanging
cahyanipun saged ngungguli sedaya ingkang gadahi warni. Amargi unggulipun
berleyan punika boten gadhah warni nanging saged nampung sedaya warni.
Saking cariyos punika dudutanipun inggih punika cahya
punika ibarat saking budi, warni punika ibarat saking raos. Berleyan punika
dipun ibarataken tiyang ingkang pinunjul ing budi nanging boten gumedhe lan
saged nundukake kapinginan pribadi. Manungsa ingkang makaten saged
dipundadosaken tetuwa, saged momot dhateng watakipun tiyang ingkang
benten-benten, dening boten gadhah watak piyambak.
Peksi perkutut nglajengaken cariyos malih, sedaya sesotya
ngraosaken asoripun piyambakipun, langkung-langkung kupu. Lajeng sesotya
kaliyan kupu badhe ngratu kaliyan berliyan, nanging berleyan ngraosaken mboten
pantes dados ratu kaliyan dereng sempurna. Berleyan ngendika, menawi sesotya,
kupu, watu, areng, saged ngratu kaliyan kaca benggala. kaca benggala punika
gadhah cahya ingkang tikel ping sewu katimbang berliyan. Sanget sempurna.
Mangertosi kasebut, sesotya, kupu, watu kaliyan areng kapinging sumerep ingkang
wasta kaca benggala lajeng kepanggihan. Sesampunipun sumerep bentukipun kaca
benggala punika, sesotya, kupu, watu kaliyan areng ora nyana menawi wujudipun
kados panjeneganipun. Lajeng berleyan maringi pirsa, menawi ingkang dipun
pirsani sesotya, kupu, watu kaliyan areng
punika inggih sejatosipun piyambakipun. Mangertosi punika, sedaya sami
paham menawi kaca benggala punika langkung weninge ngantos sinten ingkang
mirsani boten sadar menawi ingkang dipunpirsani sejatosipun inggih punika
piyambakipun.
Saking cariyos punika saged dipun pundhut dudutan kaca menika dipun
ibarataken tiyang ingkang sampurna, boten niyat ngatonaken diri. Tiyang ingkang
makaten suka rila dipunwastani asor, ewadene boten nampik dipunwastani luhur,
sarta suka rilanipun boten dipunpamerake.
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar