Suluk Gatoloco
Cariyos ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung
gemah ripah tata raharja karan Jajarginawe, wonten ratu nama Suksmawisesa
gadhah putra ingkang awon sanget. Putra punika dipun paringi nama Gatoloco.
Nanging danguning- dangu ibunipun gatoloco mboten kiyat gesang kaliyan
pajenengane. Lajeng gatoloco katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi
ingkang aran Waringinsungsang. Kesahipun kairing abdi dalem asmanipun
Darmagandhul. Dedeg piyadegipun Darmagandhul ugi awon sanget.
Sasampunipun mertapa salami 21 taun panyuwunanipun
katampi dening Hyang Ingkang Murbawisesa. Gatoloco lajeng kasinungan wahyu
baud, nyrekal mring samining jalma, tan nggegulang mring wicara langkung wasis,
tan sinau nanging lebet ilmunipun, lan mumpuni dhumateng sakathahing sastra.
Lajeng gatoloco nyuwun idi dhumateng ramanipun supados nglilani gatoloco
ingkang badhe lelana. Nanging ing lelana, gatoloco remen sanget madat lan
minum, punika dadosaken darmagandhul sedih sanget amargi menawi dipunaturi
malah ndukani.
Gantos cariyos, wonten 3 kyai saking pondhok Rejasari
dipun iringi 6 santri lelana badhe sowan dhateng podhok ing Cepekan. Tetiganipun
Kyai wau kasinungan ilmu ingkang wiyar. Nalika panjenengane sedaya ngaso ing pinggir
margi sangandhapipun wit ringin ageng, wonten tiyang ingkang alit, rekmanipun
kriting, praupanipun kucem, socanipun kera, kekalih imbanipun gathuk, grananipun
pesek, tutukipun alit. Tiyang wau gatoloco. Tanpa ewet, gatoloco nyumet rokok,
asepipun ngeblebeki 3 kyai lan santri ingkang wonten ngriku. Lajeng 3 kyai lan
santri menika sami nacat gatoloco ingkang mboten gadah trapsila lan tatakrama.
Danguning-dangu Gatoloco mboten trima yen panjenengane dipuncacat kaliyan
tiyang-tiyang wau, kagem nglipur manahipun, gatoloco mundhut candu lan ditedha
ngantos telas. Lajeng gatoloco dados katon sabar nrima panacat tiyang-tiyang
wau.
Salah satunggaling kyai, nyobi aruh-aruh lan taken
asmanipun gatoloco. Nalika mangertosi asmanipun gatoloco, kyai wau gumajeng lan
nerangaken menawi gatoloco punika asma ingkang awon lan saru sanget, mboten
sanes aran peranganipun badan manungsa kakung. Lajeng Gatoloco nyuwun para kyai
tuwin santri saking Rejasari punika sinten ingkang saget ngandharaken ing
antawisipun dhalang, wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran wayang
punika sinten ingkang langkung sepuh. Nanging mboten wonten tiyang ingkang
wangsulanipun leres. Gatoloco marahaken ingkang langkung sepuh inggih menika
lampu blencong. Nanging, Gatoloco tansaya pethakilan nalika njlentrehaken
pralambang blencong, kelir,wayang lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangu-dangu
rumaos mboten remen dhumateng pratingkahipun Gatoloco. Para kyai lan santri
kalawau lajeng nilaraken Gatoloco. Mangertosi dipunjaraken kaliyan dipuntilaraken,
gatoloco misuh-misuh.
Lajeng wonten tiyang kalih nama Suto kaliyan Noyo, ngaso
ing sandinge gatoloco. Suto lan Noyo nyumet rokok, ingkang asepipun ngeblebeki
gatoloco ingkang dadosaken gatoloco murina lan misuh-misuh. Mireng pisuhanipun
gatoloco, Suto kaliyan Noyo ugi murina, lajeng sami-sami pisuh-pisuhan.
Gatoloco lajeng aben elmi kaliyan kekalihipun, babagan gesang-pagesangan.
Ingkang pungkasanipun, gatoloco dipuntilaraken kaliyan Suto lan Noyo.
Gantos cariyos, 3 kyai kaliyan santri 6 wau, dumugi
pondok ing cepekan. Ing ngrika para tiyang wau matur kaliyan kyai Hasan Besari
menawi nalika nglelana datheng pondok cepekan, kepanggih tiyang ingkang awon sanget
rupanipun kaliyan pratingkahipun nanging elmunipun inggil sanget. Tiyang wau
nama Gatoloco. Midanget punika, kyai Hasan duka, lajeng ngutus 3 santri supados
mbekta gatoloco dateng pondok cepekan kangge aben elmi kaliyan panjenenganipun.
Kyai hasan ngendika menawi panjenenganipun kawon, panjenengane bakal nyuwek
tutukipun.
Pungkasan, santri ingkang dipunutus kyai hasan kalawau
saged mbekta gatoloco ngadep kyai Hasan. Lajeng gatoloco kaliyan kyai hasan
aben ilmu ing langgar, nanging kyai hasan kawon. Ilmunipun gatoloco jebul langkung
inggil babagan gesang pagesangan kaliyan agama katimbang kyai hasan. Lajeng
kyai hasan kesah nilar saking Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya santri,
sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking Rejasari kapasrahaken dhateng
Gatoloco. Sageta kawucal sedaya ngelmunipun.
Sesampunipun kyai hasan nilaraken pondok, gatoloco mucal
para santri igkang kathah. Panjenenganipun mucal sedaya ilmu ingkang panjenenganipun
gadhahi. Sasampunipun rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok Cepekan,
sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun weling dhateng para santri bilih
mboten dangu malih badhe wangsul ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun wangsul
saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para santri malih murih sansaya tambah
ngelmunipun, inggih ngelmu babagan sangkan paraning dumadi.
Wusana, Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung Endragiri. Ing tlatah
punika dedunung sawetawis begawan, resi lan wiku. Gatoloco lajeng wiwit nyebar
cangkriman, nedahaken kalangkunganipun. Nalika wonten begawan, resi lan wiku
ingkang nanggapi cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan ngelmu.
Kanyata, para begawan, resi lan wiku wau mboten saget ngugemi sipat sabar
nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu
kaliyan Gatoloco.
Ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung para
wanita dhusun ingkang kiyat mertapa Ingkang gadhah ratu nama Retna Dewi
Lupitwati. Piyambake Sekti mandraguna, ageng pangaribawanipun, tuwin sanget dipunsuyuti
dening para prajuritipun. Para punggawanipun sedaya wanita, sedaya ugi sulistya
ing rupi.
Dewi Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon Guwa
Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten wonten manungsa ingkang
saget mlebet ing papan
punika menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi Lupitwati. Ananging
Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing papan punika. Dewi Lupitwati kaget
sanget mangertos wonten priya ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing papan
dunungipun. Dene Gatoloco lajeng lenggah sesandhingan kaliyan Dewi Lupitwati.
Patrapipun damel dukanipun sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Dewi
Mlenukgembuk ingkang sepisanan duka dhateng Gatoloco. Dipunsusul Dewi
Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati
piyambak.
Sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar cangkriman
ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan kawusananipun, Gatoloco saget
mbedhek sedaya
cangkrimanipun. Salajengipun sedaya wanita punika pasrah bongkokan dhateng
Gatoloco, sedya dipundadosaken punapa kemawon dening Gatoloco. Gatoloco dados remen sanget. Punapa malih
nalika mireng ngendikanipun Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa
raga dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek sedaya cangkriman
ingkang dipunbabar para punggawanipun lan cangkriman ingkang dipunbabar
piyambak. Anehipun,
sikep umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun Gatoloco lajeng luntur. Gatoloco
malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun. Lan ing kahanan kados
makaten, Gatoloco nelakaken bilih Dewi Lupitwati lan sedaya wanita
punggawanipun sampun kaanggep dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados sedaya
sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun minangka tiyang kakung. Gatoloco
lajeng medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya punggawaninpun ingkang
sampun pasrah bongkokan dados sisihanipun Gatoloco.
Padhepokan Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang minangka
papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para priya, sapunika sampun malik
grembyang dados papan ingkang tinarbuka. Kawusananipun Padhepokan Cemarajamus
ngrembaka dados papan kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco, inggih
Dewi Lupitwati tuwin punggawa punggawanipun rumaos remen sanget. Sedaya rumaos
ayem saha tentrem.
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar