Anoman
Anoman kuwi wujud kethek putih memplak. Duwe kuku dawa ana jempol tangane.
Jenenge kuku Pancanaka, kaya kukune Wrekudara. Sandhang panganggone Anoman kaya
sadhang panganggone Wrekudara.
Anoman iku trengginas, trampil cukat mencolot utawa mletik. Awake entheng
banget prasasat bisa mabur. Nalika brubuh Ngalengka, Anoman tinuding dadi
Senapati Prabu Ramajaya. Awit saka kasektene, Rahwana sabalane bisa ditumpes
dening Anoman sabalane kang awujud kethek.
Anoman iku putrane Dewi Anjani patutan karo Bathara Guru ing Kahyangan
Argadumilah. Bathara Guru panggedhening para dewa. Dadi Anoman iku setengah
dewa. Mula sekti banget lan umure nganti pirang-pirang atus taun.
Bareng wis tuwa Anoman madeg dadi Pandhita, aran Resi Mayangkara. Kasatriyan
Kendhalisada diowahi dadi Pratapan Kendhalisada. Cantrike Anoman akeh banget
ing antarane putra Pandhawa kayata Gathutkaca, Antareja, Antasena, uga Abimanyu.
(Sumber
: Basa Jawa 3)
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar