Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak
1 wadon
Uger-uger lawang : anak 2
lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak
3 lanang
Gotong mayit : anak
3 wadon
Saramba : anak
4 lanang
Sarampi : anak
4 wadon
Pandhawa : anak
5 lanang
Kendhana-kendhini : anak 2 lanang, wadon
Kendhini, kendhana : anak 2 wadon, lanang
Keblat papat : anak
4 lanang wadon
Sepasar : anak
5 lanang, wadon
Ipil-ipil (pipilan) : anak 5
lanang 1
Padangan : anak
5 wadon 1
Pandhawa nyandhangi : anak 6 wadon 1 waruju
Kembar : anak
sing laire bareng luwih saka 1
Kembar dampit : anak 2
lanang, wadon laire bareng
Gendhong : anak
lanang pirang-pirang sing tengah wadon
Pathok : anak pirang-pirang sing tengah lanang
Gilir kacang : anak
pirang-pirang, giliran lanang, wadon
Anggana : anak
pirang-pirang sing uruip kari 1
Pembarep : anak
nomer 1
Penggulu : anak
nomer 2
Pandhadha : anak
nomor 3
Waruju, wuragil : anak sing keri
dhewe
Julung caplok : bocah
laire mbarengi surupe srengenge
Julung kembang : bocah
laire mbarengi pletheke srengenge
Julung sungsang : bocah
laire wayah awan (bedhug)
Jempina : bocah
sing laire during wayahe
Margana : bocah
laire pinuju ing lelungan
Wahana : bocah
laire pinuju ibune ing pasamuan
Wuyungan : bocah
laire pinuju ana perang
Konduran : bocah
laire nanging ibune mati
Thok thing : bocah
laire sing sirahe cilik
Sumala : bocah
cacat awit lair
Sungsang : bocah
laire sikile dhisik
Kalung usus : bocah
laire pusere nggubet gulune
Yatim : bocah sing ora duwe bapak
Yatim piatu : bocah
sing ora duwe bapak lan ibu
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar