Baru Klinthing
Nalika Desa Mangir ana wong duwe gawe Ki Ageng Wanabaya iya Ki Ageng mangir
sepuh, sing lagi mratapa ing Gunung Merapi, mulih jagong menyang desa Mangir.
Kacarita ana bocah Prawan anake Demang Jeglong melu rewang olah-olah, nanging
ora nggawa lading. Weruh Ki Ageng Wanabaya linggih dhewekan karo nggowo lading,
banjur diparani ladinge disilih. Ki Ageng menehake karo meling lading iku aja
diselehake ing pangkon. Bocah prawan nyaguhi.
Dumadakan awit akehe gawean, prawan kesel. Kelalen lading silihan dipangku
karo ngaso. Wekasan prawan ngantuk banget nganti keturon, bareng tangi kaget
banget, awit lading silihane ilang saka pangkone. Prawan enggal-enggal kandha
marang Ki Ageng yen ladinge ilang. Ki Ageng mangsuli ilange lading ora dadi
apa. Mung meling ing tembe yen prawan nemoni lelakon ora kenyana-nyana kudu
tabah ngadhepi. Sawise mangkono Ki Ageng banjur bali mratapa ing Gunung Merapi
maneh.
Bubar gawe, prawa mulih menyang jlegong. Bareng oleh telung sasi ana omah,
aneh banget bocah prawan krasa yen ngandheg. Awake krasa panas. Banjur adus
kungkum ing jembangan. Ana jembangan kono, ndilalah kersane Sing Murba Jagad,
prawan ora nglairake lumrah, nanging nglairake ula. Saka wedine banjur mentas
saka jembangan, sarta ngawasake ula saka kadohan.
Kocapa ula banget enggal gedhe. Jembangane sesek nganti pecah. Papan tilas
jembangan saya suwe saya amba, awit kanggo obah-obah ula sing saya suwe saya
gedhe lan dadi naga. Tilas jembangan dadi tlaga, tekan seprene diarani tlaga
jembangan.
Aneh banget. Naga kaya wis ngerti marang prawan biyunge sing ngawasake saka
kadohan. Naga banjur marani prawan. Prawan wedi banget, saka wedine nganti
semaput. Naga kanthi tata krama nangisi si biyung. Kena luhing naga, prawan
dadi eling. Lah kok naga bisa omong karo biyunge, takon bapake. Prawan banjur
ngandhani naga supaya takon menyang Ki Ageng Mangir Anom. Sawise pamit kanthi
becik, naga banjur tleser-tleser ninggal biyung lan Tlaga Jembangan tumuju
marang Mangir.
Tekan Mangir, dikandhani karo Ki Ageng Mangir yen bapake iku Ki Ageng
Wanabaya sepuh sing lagi tapa ana ing Gunung Merapi. Naga banjur pamitan arep
nggoleki bapake. Lakune ora ngambah lemah. Nanging mabur metu ngawang-ngawang
awor karo angin. Sarta nganggo swara kumrincing kumrangsang kaya swarane
klinthing sayuta. Awit lakune mawa swara mangkono, naga iku diarani Baru
Klinthing.
(Sumber
: Ajar Basa Kelas 3 SD)
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar