Selasa, 10 Desember 2013

Undha-usuk Basa




Basa Jawi inggih menika basa ingkang nggadhahi undha-usuk basa utawi unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa menika kalebet adat sopan santun nalika ngginakaken Basa Jawi. Adat sopan santun menika nggambaraken tindak-tandukipun satunggaling tiyang wonten masyarakat.
Miturut Harjawiyana lan Supriya (2001: 17-19) undha-usuk basa saged dipunpilah dados kalih, inggih menika undha-usuk basa ing jaman kejawen lan undha-usuk basa ing jaman modern. Undha-usuk ing jaman kejawen inggih menika nalika jaman Keraton Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Sarta undha-usuk basa ing jaman modern menika dipuntengeri saksampunipun proklamasi Indonesia tanggal 17 Agustus 1945.
Undha-usuk basa Jawi ing jaman kejawen wonten enem, lan undha-usuk ing jaman modern wonten kalih. Undha-usuk kasebat inggih menika :
a.       Undha-usuk basa ing jaman kejawen
1.      Basa ngoko           → ngoko lugu
→ ngoko andhap  → antya basa
                              → basa antya
2.      Basa madya           → madya ngoko
→ madyantara
→ madya krama
3.      Basa krama desa
4.      Basa krama            → mudha krama
→ kramantara
→ wredha krama
5.      Basa krama inggil
6.      Basa kedhaton

b.      Undha-usuk basa ing jaman modern
1.      Basa ngoko           → ngoko lugu
→ ngoko alus
2.      Basa karma            → krama lugu
→ krama alus
Basa menika nggadhahi sipat dinamis, inggih menika tansah rubah manut ing kemajuan jaman. Basa Jawi ugi nggadhahi sipat menika, kadosta undha-usuk basa ingkang langkung umum naming dados kalih inggih menika ngoko lan krama. Ngoko dipunpilah dados ngoko lugu lan ngoko alus, nalika krama dipunpilah dados krama lugu lan krama alus. 

sumber: Kamus Bahasa Jawa
diposkan oleh Siti Meliana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar