Prabu
Rahwana
Prabu Rahwana utawa Dasamuka ratu ing Ngalengka iku wujud raseksa. Duwe
adhi telu yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana.
Kumbakarna wujud raseksa nanging becik budine, Sarpakenaka buta wadon kang
kukune landhep mawa wisa, lan Gunawan Wibisana manungsa biyasa bagus rupane.
Prabu Rahwana sekti mandraguna nanging duwe watak angkara murka. Senadyan
wis duwe bojo widadari, isih nyolong garwane Prabu Rama, yaiku Dewi Sinta.
Amarga kalakuane kang ala kuwi, Ngalengka diserbu dening bala kethek,
prajurite Prabu Rama. Para raseksa balane Rahwana ditumpes tapis dening wadya
kethek.
(Sumber
: Basa Jawa 3)
Diposkan Oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar