BLSM kok salah
sasaran
Anggitan : Adnia Pravitasari
BBM mundhak. Ukara iki pancen dudu prakara anyar sing
ditindakna pamarentah Indonesia. Kabeh dadi sarwo larang, kawit bensin, solar,
nganti sembako uga melu larang. Ancas Pamarentah ngundhakake BBM iku amarga APBN
wis ora bisa nyukupi maneh menawa digawe nyubsidi terus-terusen. Banjur kanggo
ngringanke bebane wong meskin, pamarentah menehi bantuan sing jenenge BLSM
(Bantuan Langsung Sementara Masyarakat).
BLSM iki pancen nuwuhake pro lan kontra, sejatine iki ya
rada kurang bener, amarga BLSM iku sifate mung sawetara wektu, mangka BBM
mundhak iku ora mung sedhela. Banjur apa rakyat uga bakal bisa katulungan
kanggo nyukupi kebutuhan padinane kanthi BLSM. Apa maneh akeh kasus BLSM salah
sasaran, apa iku ora nambahi sangsarane wong meskin ?
Ora akurate data sing dadi panyebab utamane BLSM salah
sasaran. Mangka dana sing sejatine kanggo wong sing luwih mbutuhake, malah ora
katuju sasaran tenan. Kabukti akeh wong sing mampu materine, melu katut kaduman
dana BLSM. Iki sing marakake jenjeme wong meskin, amarga akeh jenenge wong meskin
sing ora kecantum dadi panrima BLSM. Apa maneh sejatine pamerentah menehi BLSM
iku mung kanggo srana bantuan, dudu kanggo nyukupi kabeh kabutuhan rakyat
seteruse. Banjur bisa krasa orane Panrima BLSM marang dana sing jumlahe Rp.
150.000, iku uga gumantung karo kabutuhan sing kudu dicukupi.
Yen mengkene, bola-bali wong cilik sing tansaya sangsara,
ana panduman BLSM ya ndelalah ora bisa kaduman kabeh. Mangka pamarentah nduweni
tanggung jawab ngeyubi rakyat meskin lan makmurake rakyate, mligine prakara
ekonomi. Mula supaya ora salah sasaran mengkono, kudune dianake survei utawa
terjun langsung ning lapangan, kanggo nyateti sapa wae sing sejatine duweni hak
nampa BLSM lan sapa sing ora, kareben wektu ana panduman BLSM datane bisa akurat lan ora nuwuhake prakara
maneh sing anyar. Senajan anaa BLSM, nanging masarakat uga aja banjur nggantungake
marang BLSM amarga sifate iku mung sawetara wektu, pamerentah menehi BLSM nganti
6 sasi wae.
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar