Babad
Wonosari
Duk semana, rikala Adipati Wiranagara sowan
ing Kraton Ngayogyakarta, piyambake oleh prentah saka Kanjeng Sultan supaya
mindhah Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu iku kang dumunung ing Sumingkar
menyang Alas Nangka Dhoyong, kang penere ing Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul.
Kutha praja kabupaten Gunungkidul prelu dipindhah amarga miturut tata jagading
keblat papat, kurang pener manengah. Dadi, rinasa dening Sultan kurang
mangaribawani tumrap wewengkon kabupaten Gunungkidul liyane. Sawuse kondur saka
Kraton Ngayogyakarta, Adipati Wiranagara nimbali kabeh pangembating praja ing Sumingkar
supaya sowan ing pendhapa kabupaten.
Nalika pada sowan ing pendhapa kabupaten, Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman, telat anggene sowan. Banjur Rangga Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur marang Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira diparingi ukuman. Ananging usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong kanggo mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya dene kang tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang Wanapawira siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora sarujuk yen Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe Sultan iku. Banjur Rangga Puspawilaga ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan iku.
Nalika pada sowan ing pendhapa kabupaten, Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman, telat anggene sowan. Banjur Rangga Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur marang Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira diparingi ukuman. Ananging usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong kanggo mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya dene kang tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang Wanapawira siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora sarujuk yen Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe Sultan iku. Banjur Rangga Puspawilaga ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan iku.
Ing kademangan Piyaman, ana sawijining
perewangan kanthi nama Mbok Nitisari, kawentar jejuluk Nyi Niti. Nyi Niti
minangka perewangan kang linuwih, mligine gayut karo roh alus lan lelembut. Nyi
Niti satemene mbakyune Demang Wanapawira. Tekane Piyaman, Demang Wanapawira
marahake babagan apa kang tinitahake marang piyambake: mbukak Alas Nangka
Dhoyong didadekake kutha praja. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Niti rumangsa
yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong kang dumunung ing wewengkon
Gunungkidul wektu iku wus priksa yen Alas Nangka Dhoyong iku alas kang gawat
kaliwat, punjere jim lelembut, lan omahe dhanyang Nyi Gadhung Mlathi. Nanging,
Mbok Niti saguh nyengkuyung lan ngrewangi Demang Wanapawira. Mbok Niti ndhawuhi
Demang Wanapawira yen sadurunge ngayahi babad alas supaya nglakoni sesuci lan ngadani
slametan. Dene Nyi Niti bakal nyoba ‘rembugan’ karo Nyi Gadhung Mlathi;
dhanyange Alas Nangka Dhoyong.
Demang Wanapawira, direwangi Nyi Niti,
semadi ing sangisoring wit ringin putih kang eyub, yaiku wit ringin kang mapan
ing tengahing Alas Nangka Dhoyong. Nyi Gadhung Mlathi mapan ing wit iku
(dhanyang panguwasa Alas Nangka Dhoyong). Ana sawenehing banaspati kang ngreridhu
Demang Wanapawira lan Nyi Niti kang lagi samadi, nanging bisa ditelukake. Banjur
Nyi Gadhung Mlati marani saklorone. Dumadi peperangan rame antarane Nyi Gadhung
Mlathi lan Nyi Niti. Marga ora ana kang kasoran, mula padha ngadani pirembagan.
Nyi Gadhung Mlati menehi palilah alase bisa dibukak didadekke kutha praja
kanthi sarat: digawekke sajen Mahesa Lawung. Uwit panggone Nyi Gadhung Mlathi
ora pikantuk ditegor lan Gadhung Mlati diwenehi panguripan dumadi dhanyang
penunggu; yaiku roh kang njaga masyarakat mengkone. Nanging, Nyi Gadhung Mlati
njaluk supaya digawekke sesajen saben taune minangka wujud panjagane masyarakat
sing bakal ngenggoni alas iku mengkone. Nyi Niti nyarujuki panjaluke Nyi
Gadhung Mlathi. Dene Nyi Gadhung Mlathi banjur mrentah para lelembut supaya
nyengkuyung ngewangi pagawean mbukak alas supaya gancar anggone nandangi.
Sawuse nyekel rembug karo Gadhung Mlathi,
Demang Wanapawira sowan ing ngarsane Adipati Wiranegara kanggo nyuwun
panyengkuyung manawa enggal dilaksanakake babad alas. Demang Wanapawira lan Nyi
Niti ngumpulke rakyat Piyaman lan sakiwatengene banjur gawe sesajen. Rakyat
Paliyan uga melu ngrewangi mbabad alas. Rakyat Piyaman lan Paliyan gotong-royong
mbukak alas. Rangga Puspawilaga rumangsa lingsem lan meri marang tandang gawene
Wanapawira. Pakaryan mbabad Alas Nangka Dhoyong rampung. Alas wus dumadi kutha
praja. Pasar dibukak dening Adipati Wiranegara kanggo ngembangake lan ngrembakakake
ajuning kutha. Pasar Nangka Dhoyong, tengere pasar iku, mapan ing wilayah
Seneng lan minangka pasar kang rame banget.
Kacarita, ana sawijining putri saka
Kepanjen Semanu (putra-putrine Panji Harjadipura) aran Rara Sudarmi ditutake
Mbok Tuminah teka ing Pasar Seneng.
Tekane Rara sudarmi ing Pasar Seneng bareng karo jumedhule Puspayuda,
putrane Rangga Puspawilaga. Weruh Rara Sudarmi, Puspayuda rena marang dheweke.
Puspayuda banjur nggodha Rara Sudarmi. Rara Sudarmi ora sudi. Banjur, dumadi
padudon rame. Demang Wanapawira kang kepeneran uga ana ing Pasar Seneng
ngleremke loro-lorone. Kaya dene Puspayuda, mangerteni Rara Sudarmi kang
sulistya, ing manahe Demang Wanapawira sajatine uga tuwuh rasa tresna marang
Rara Sudarmi. Puspayuda banget murkane marang Demang Wanapawira. Puspayuda
ngelek-elek lan nantang Demang Wanapawira. Ananging ora dumadi pasulayan.
Demang Wanapawira nglilih Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah supaya enggal sumingkir
saka pasar. Dene Puspayuda bali ing Siraman, banjur matur marang bapane: nyuwun
supaya dilamarake Rara Sudarmi ing Kepanjen Semanu.
Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah mampir ing
daleme Nyi Niti. Satemene nyi siti isih kaprenah sadulur karo Rara Sudarmi,
yaiku sadulur adoh saka ramane, Panji Harjadipura. Rara Sudarmi nyuwun
pitulungan marang Ki Niti lan Nyi Niti prakara kang lagi wae ditemahi ing Pasar
Seneng: dheweke bakal dicidrani Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Ora
watara suwe, Demang Wanapawira tumeka ing kono. Ing jroning manah, Demang
Wanapawira ngersakke Rara Sudarmi. Candhaking pangangkah, kanyata Mbok Nitisari
njodhokake Demang Wanapawira klawan Rara Sudarmi. Cekaking carita, Demang Wanapawira
lan Rara Sudarmi padha prajanji disekseni Ki Niti dan Mbok Nitisari.
Rangga Harjadipura ing Kepanjen Semanu
nampa praptane Rangga Puspawilaga kang duwe maksud nglamar Rara Sudarmi kanggo
putrane, Puspayuda. Panji Harjadipura nulak kanthi alus marga akeh pawongan wus
nglamar Rara Sudarmi. Praptane Puspawilaga kesaru tekane Demang Wanapawira, Ki Niti,
lan Mbok Niti kang tindak Semanu kanggo ndherekke Rara Sudarmi lan Mbok
Tuminah. Mrangguli kasunyatan iku Rangga Puspawilaga ngelek-elek lan murka
marang Demang Wanapawira: geneya Demang Wanapawira tansah munggel pangangkahe.
Rangga Puspawilaga banjur oncat saka Semanu. Sawuse Panji Harjadipura diaturi
kedadeyan kang ditemahi Rara Sudarmi, piyambake nyrengeni putrane marga ora
pantes lan ngisinake sawijining putri panji lelungan ing pasar tanpa lilah. Ananging,
Mbok Tuminah lan Demang Wanapawira nyritakake kedadeyan sanyatane lan
wewatekane Puspayuda marang Panji Harjadipura. Saengga, Harjadipura lerem dukane.
Amarga rasa kuciwane kang rumangsa tansah
dialang-alangi Wanapawira, Rangga Puspawilaga ngirim ‘para jago’ sarta sakehing
bala kanggo merjaya Demang Wanapawira lan Nyi Niti. Upaya iku ora kasil.
Mriksani lan mireng trekahe Rangga Puspawilaga kang kaya mangkono, Adipati Wiranegara
ngawasi tindak-tanduke Rangga Puspawilaga. Samantara, Kutha Praja wus dumadi
lan bakal diresmekake dening Sultan Hamengkubuwana I. Kanggo mahargya acara,Panji
Harjadipura usul diadani sayembara njemparing, kanggo golek jodho tumrape Rara
Sudarmi, uger akeh para punggawa sarta pawongan kang nglamar Rara Sudarmi.
Adipati Wiranegara ngalembana Demang
Wanapawira marga bisa mangun kutha praja kang asri lan endah. Adipati
Wiranegara nglapurake karyane Demang Wanapawira marang Sultan Hamengkubuwana
lumantar Patih Danureja. Alas Nangka Dhoyong malih dadi kutha kang asri. Rakyat
padha remen lan muji Demang Wanapawira. Mangerteni kahanan iki, Rangga
Puspawilaga tambah panas atine lan irine. Marga wus peteng pikire, Rangga
Puspawilaga minta sraya Maling Aguna lan sagrombolan jago liyane supaya merjaya
Adipati Wiranegara, Demang Wanapawira, Nyi Niti, lan Panji Harjadipura kanthi maksud
madeg Adipati Gunungkidul lan musna kabeh wong-wong kang dianggep mungsuh.
Panji Harjadipura meruhi rencana ala iku banjur lapuran marang Patih Danureja.
Patih Danureja ngutus Raden Mas Baskara kanggo nggulung komplotane Puspawilaga.
Peresmian kutha kabupaten ing tilase Alas
Nangka Dhoyong kalaksanan. Sadurunge gawe ontran-ontran, Maling Aguna lan balane
ditangkep. Sayembara njemparing kawiwitan. Puspawilaga melu sayembara. Demang
Wanapawira menang ing sayembara. Sultan Hamengkubuwana I maringi tetenger Kutha
Nangka Dhoyong kanthi njupuk nama saka ‘Wanapawira’ digabungke nama ‘Nitisari’,
dumadi ‘Wanasari’. Saiki lumrah kaserat ‘Wonosari’. Ana maneh sawetara panemu
yen nama kutha praja Gunungkidul kang dumadi saka mbabad alas iki asal saka
‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang marga gotheking pocapan dadi
‘sari’ ateges ‘endah’. Minangka sesulih, Demang Wanapawira diangkat dadi
adipati kanthi gelar Adipati Wiranegara II. Ing wekasan, Wanapawira lan Rara
Sudarmi nyawiji.
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar