Ning ngendi hake wong mlaku
Anggitan : Adnia Pravitasari
Was-was pancen, nalika ana ing dalan gedhe, rasane
keslametan iku wigati banget. Ora mung kanggo kendaraan umum nanging wong mlaku wae atine ora pati ayem. Kok bisa?
kepriye arep ayem yen dalan iku mung kanggo ajang sewenang-wenange kendaraan umum.
Saben tahun, jumlah kendaraan
umum iku saya suwe saya akeh. Wiwit sing roda 4, roda 2, nganti roda 3 uga ora
keitung jumlahe. Dadi saben dina dalan iku katon rame banget, kadhang nganti sok
macet. Prakarane ora mung macet wae nanging kelakuane para pengendara motor sing terkadang gawe jengkele wong mlaku ing trotoar
uga dadi prakara sing kudu dituntasake. Biasane prakara iku disebabake dening pengendara motor kang ora sabar lan
pilih dalan pintas, yaiku nrabas dalan kang ora sejatine kanggo lewat kendaraan motor.
Kedadean sing kaya mengkana pancen akeh ditemoni ing
kutha-kutha gedhe. Dadi ya ora gumun nalika ana sawetara motor lewat ing
trotoar kanthi sapenakke dhewe. Padahal sejatine pamarentah nggawekake trotoar
iku khusus mung kanggo wong mlaku, supaya wong mlaku iku bisa ngrasa aman lan kepenak nalika mlaku ing pinggir dalan. Nanging
amarga kahanan sing malih beda, trotoar saiki bisa dadi ganti guna sing ora samesthine.
Akibate wong mlaku malah kudu ngalah marang pengendara
motor sing lewat trotoar, nanging yen suwe-suwe dijarake lan sansaya kebangeten,
mesti iku uga bisa ndadekake prakara anyar sing ora dikepengini.
Mangertine kahanan sing kaya mengkana, pamarentah duweni
tanggung jawab supaya ngetatake peraturan ing dalan, sebab saben dalan iku duwe
aturan dhewe-dhewe. Khususe dadi tugase polisi lan Dishub supaya nertibake pengendara motor sing isih seneng lewat
dalan sing ora dadi hake, amarga iku wis termasuk nglanggar hukum.
Padahal awake dhewe asring nganggep masyarakat wetanan
iku luwih duweni adab ketimbang masyarakat kulonan. Nanging yen egone wae isih diluwih utamake, iku
padha wae ora trep kaya apa sing dikandakake mau. Aja nganti awake dhewe dadi
bangsa sing ora duweni adab, amarga luwih mentingake urusan pribadi katimbang
urusane liyan.
Diposkan oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar