Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][rujukan?] Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. [2]Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra.[2] Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.[2]
Fungsi
1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung klompok, yaiku [3];- Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing)[3]. Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;
- Klompok ricikan/instrumèn garap, yaiku; ricikan-ricikan kang nggarapaké balungan
- Rebab
- Kendang
- Gendèr barung
- Gendèr penerus
- Bonang
- Bonang panerus
- Siter
- Suling
- Gambang
- Sindhèn
- Gérong
- Kelompok ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé raketing dolanan kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing.[3] Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku [3];
- Kethuk[3].
- Kempyang[3].
- Engkuk[3].
- Kenong[3].
- Kempul[3].
- Gong[3].
- Kecer[3].
- Kemanak[3].
- Keplok alok[3].
- Kendhang[3].
Instrumèn
- Kendhang
- Saron
- Bonang Barung
- Bonang panerus
- Slenthem
- Gender Barung
- Gender Penerus
- Gambang
- Gong
- Kempul
- Kenong
- Kethuk
- Clempung
- Siter
- Suling
- Rebab
- Keprak utawa Kepyak
- Bedhug
diposkan oleh Siti Meliana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar