Puntadewa
Puntadewa aliyas Yudhistira iku putrane Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina
saka garwa Dewi kunthi. Puntadewa duwe adhi kandhung loro, yaiku Bima lan
Arjuna. Puntadewa uga duwe adhi kuwalon loro, yaiku Nakula lan Sadewa.
Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa diarani pandhawa tegese anak
lima lanang kabeh. Pandhawa iku anake Pandhu Dewanata. Dadi Puntadewa iku Pandhawa
mbarep utawa nomer siji. Puntadewa dadi ratu ing Amarta.
Puntadewa aliyas Yudhistira duwe sifat adil lan jujur. Puntadewa uga duwe
gelar Ajatsatru amarga selawase urip ora tau duwe satru. Amarga duwe
sifat-sifat kang becik mau, Puntadewa dihadiyahi karo para dewa, nalika mlaku
ora tau ngambah lemah. Nalika dheweke numpak kreta kencana, rodha kretane melu
ngambang ing dhuwur lemah.
(Sumber
: Basa Jawa 3)
Diposkan Oleh Adnia Pravitasari
Diposkan Oleh Adnia Pravitasari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar