Sabtu, 28 Desember 2013

Sanepa

01.Ambune arum jamban: Ambune banger
02.Awake kuru semangka: Awake lemu banget
03.Balunge aros debok: Balunge empuk banget
04.Barange aji dodhong garing: Barange ora aji banget
05.Bobote abot kapuk: Bobote entheng banget
06.Bobote bot merang segendheng: Bobote etheng banget
07.Cahyane abang dluwang: Cahyane pucet banget
08.Dedege dhuwur kencur: Dedege cendek banget
09.Enggale suwe banyu sinaring: Wektune cepet banget
10.Eseme pahit madu: Eseme manis banget
11.Kawruhe jeru tapak meri: Kawruhe sethithik banget
12.Kulitane wuled godhong lumbu: Kulite gampang suwek
13.Lemune banjo tampah: Lemune bundher banget
14.Pakulitane kuning silit kwali: Pakulitane ireng banget
15.Pemandhenge kedhep tesmak: Pemandenge njinggleng
16.Pikirane landhep dhengkul: Pikirane bodho banget
17.Playune lonjong botor (mimis): Playune banter banget
18.Playune rindhik asu digithik: Playune banter banget
19.Poalhe anteng kitiran: Polahe akeh banget
20.rasane legi butrawali: Rasane pait banget
21.Rembuge peret beton: Rembuge alus banget
22.Srawunge rnggang gula kumepyur pulut: Srawunge raket banget
23.Tatune arang kranjang: Tatune kerep banget
24.Tembunge pait madu: Tembunge manis banget
25.Rembunge resik peceren: Tembunge rusuh banget
26.Ulate bening leri: Ulate mrengut banget
27.Suwe mijet wohing ranti: Sedhela banget
28.Wujude agal glepung: Wujude lembut banget
29.Utange arang wulu kucing: Utange akeh banget


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

Prenahe sedulur

Anak angkat : bocah liya seng di akoni anak
Anak kuwalon : anak gawane bojo
Anak mantu : bojone anak
Bapak / ibu angkat : wong liya ( lanang / wadon ) sing ngakoni anak
Bapak kuwalon : bapak sambungan dudu bapake dhewe
Besan : wong tuwane ( bapak / ibune ) mantu
Budhe / uwa / bupuh : mbakyune bapak / ibu ( wadon )
Bulik ( bibi ) : adhine bapak / ibu ( wadon )
Ibu kuwalon : ibu sambungan ( dudu ibune dhewe )
Ipe : sedulure bojo
Keponakan : anake sedulur tuwa utawa enom
Mara tuwa : wong tuwane ( bapak / ibune bojo )
Mindhoan : sadulur tunggal buyut
Misanan : sadulur pada embah, anak dulur
Pakdhe / uwa / pakpuh : kangmase bapak / ibu ( lanang )
Paklik ( paman ) : adhine bapak / ibu ( lanang )
Pripean : ipene sedulur
Putu : anake anak
Putu keponakan : anake keponakan
Putu mantu : bojone putu
Sadulur : sadulur tunggal bapak  ibu
Sadulur asu : sadulur tunggal ibu seje bapak
Sadulur kuwalon : sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak 
Tunggal banyu : sadulur tunggal guru
Tunggal welat : sadulur tunggal bapak ibu 


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

URUTANÉ TURUNAN/SEDULUR

Urutané turunan
grepak sénthé
gantung siwur
udheg-udheg
waréng
canggah
buyut
embah/eyang
bapak/ibu
ANAK
putu/wayah
buyut
canggah
waréng
udheg-udheg
gantung siwur
grepak sénthé

Urutané sedulur
Pembarep (Anak 1)
Panggulu (Anak 2)
Pandhadha (Anak 3)
Sumendhi (Kakang ragil)
Wuragil /Waruju (Anak ragil - terakhir)


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

ARANE TURUNAN, ARANE ANAK WONG

Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak 1 wadon
Uger-uger lawang  : anak 2 lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak 3 lanang
Gotong mayit : anak 3 wadon
Saramba : anak 4 lanang
Sarampi : anak 4 wadon
Pandhawa : anak 5 lanang
Pancagati : anak 5 wadon
Kendhana-kendhini : anak 2 lanang, wadon
Kendhini, kendhana : anak 2 wadon, lanang
Keblat papat : anak 4 lanang wadon
Sepasar : anak 5 lanang, wadon
Ipil-ipil (pipilan) : anak 5 lanang 1
Padangan : anak 5 wadon 1
Pandhawa nyandhangi : anak 6 wadon 1 waruju
Kembar : anak sing laire bareng luwih saka 1
Kembar dampit  : anak 2 lanang, wadon laire bareng
Gendhong : anak lanang pirang-pirang sing tengah wadon
Pathok : anak pirang-pirang sing tengah lanang
Gilir kacang : anak pirang-pirang, giliran lanang, wadon
Anggana  : anak pirang-pirang sing uruip kari 1
Pembarep : anak nomer 1
Penggulu : anak nomer 2
Pandhadha : anak nomor 3
Waruju, wuragil : anak sing keri dhewe
Julung caplok : bocah laire mbarengi surupe srengenge
Julung kembang : bocah laire mbarengi pletheke srengenge
Julung sungsang : bocah laire wayah awan (bedhug)
Jempina : bocah sing laire during wayahe
Margana : bocah laire pinuju ing lelungan
Wahana : bocah laire pinuju ibune ing pasamuan
Wuyungan : bocah laire pinuju ana perang
Konduran : bocah laire nanging ibune mati
Thok thing : bocah laire sing sirahe cilik
Sumala : bocah cacat awit lair
Sungsang : bocah laire sikile dhisik
Kalung usus : bocah laire pusere nggubet gulune
Yatim : bocah sing ora duwe bapak
Yatim piatu : bocah sing ora duwe bapak lan ibu


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

Arane Wilangan Kawi

1 : eka
2 : dwi
3 : tri
4 : catur
5 : panca
6 : sad
7 : sapta
8 : hastha
9 : nawa
10 : dasa
100 : satus
1.000 : sastra
10.000 : saleksa
100.000 : sakethi
1.000.000 : sayuta


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

TEGESE TULISAN/KARANGAN NARASI, ARGUMENTASI, DESKRIPSI, PERSUASI, LAN EKSPOSISI

1. Narasi
Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita.

2. Argumèntasi
Yaiku karangan utawa paragraf kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.

3. Deskripsi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhéwé obyèk kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki.

4. Pèrsuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakaké panulis.

5. Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné njlèntrèhaké nganti cetha terwaca.

KERETA BASA

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

Tuladha :


anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur : ngembati (nindakake) pitutur
bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenging pikir
Desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
garwa : sigarane nyawa
gedhang : digedeng yen bar madhang
gelas : yen tugel ora kena dilas
gerang : segere wis arang-arang
guru : digugu lan ditiru
Januari : hujan sehari-hari
jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat mbaka sitok
kodhok : teka-teka ndhodhok
kutang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku tur njepiping
kupluk : kaku tur nyempluk
kursi : mungkur anggone ngisi
mantu : dieman-eman meksa metu
maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
piring : sepi yen miring
prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh : sebdane ampuh
semah : isen-isenne umah
sirah : isine rah (getih)
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso padha mampir
sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur : olehe nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : anteping kalbu
tuwa : ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata
wedang : ngawe-awe kadang
weteng : ruwet tur peteng


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

Candraning Wanita

Alise: nanggal sepisan
Athi-athine : ngudup turi
Tangane : ngandhewa gadhing
Bangkekan: nawon kemit
Drijine: mucuk eri
Irunge: mbongkok semende
Lakune: macan luwe
Mripate: ndamar kanginan
Pakulitane: ngulit langsep
Pipine: nduren sajuring
Pundake: nraju emas
Lembehane: mblarak sempal
Lambene: manggis karengat
Rambute: ngembang bakung
Susune: nyengkir gading
Untune: miji timun
Wentise: ndamen meteng
Bokonge : manjang ngilang
Idepe : tumenga ing tawang
Gulune : ngolan-ngolan
Kempole : nyikil walang
Cahyane : sumunar
Pawakane : gagah pidogsa
Sinome : mbibis mabur
Solahe : merak ati
Wange : nyangkal putung

diposkan oleh Adnia Pravitasari

Tembung Entar

A
01. abang kupinge = nesu banget
02. (ng) abangké kuping = gawe nesu
03. abang abang lambe = ora temenan, mung lelamisan
04. abang raine = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngendelake ayune
06. adol baguis = ngendelake baguse
07. adol gawe = ngatonake penggaweyane
08. adol kringet = nyambut gawe
09. adol kwanen = ngendelake kwanene
10. adol krungon = golek golek warta/kabar
11. adol sendhe = adol barang menyang gadhen
12. adol umbag/umuk = akeh omonge, ning ora ana nyatane
13. adus getih = tatune nemen banget
14. adus kringet = nyambut gawe,abot banget
15. adus luh = nemen anggone nangis
16. akeh sandhungane = akeh alangane
17. ala jenenge = kurang dipercaya
18. ala kandhutane = ala watake
19. ala tembunge = tembunge kasar/saru
20. alus tembunge = kepenak dirungokake
21. amba jangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus krama = dibujuki / diapusi cara alus
23. asor budine = bebudene ala
24. asor yudane = kalah
25. ati dhondhong = atine ala


B
01. (m) balang liring = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau tengen = wong kang dipercaya
04. bening atine = sumeh
05. (m) buang sangkal = ngilangi/mbuang apes
06. (in) bukak wadi = ngandhakake wewadine
07. (m) buang tilas = nutupi tumindake sing ala

C
01. cagak lek = camilan supaya betah melek
02. cagak urip = kanggo nyukupi kebutuhan uripe
03. cancut taliwanda = tandang gawe
04. cangkem gatel = seneng ngrasani/nggunem
05. cedhak umure = gelis mati
06. cepak jodhone = gelis oleh jodho
07. cepak rejekine = gampang oleh rejeki
08. cilik atine = kuwatir/wedi
09. cupet atine = gampang nesu
10. cupet budine = ora bisa nggayuh kautaman
11. cupet jangkahe = ora bisa golèk sarana
12. cupet nalare = ora bisa mikirake werna-werna
13. cupet pangandele = ora percaya

D
01. dadi gawe = ngrepotake
02. dawa-dawa uja = perkara kang ora uwis uwis
03. dawa tangane = seneng nyolong jupuk
04. (n) dhedher kautaman = nandur kebecikan
05. dhuwur atine = gumedhe
06. dhuwur pangkate = dadi wong pangkat/panguwasane

E
01. empuk rembuge = guneme enak dirungokake
02. entek atine = keweden/kuwatir banget
03. entheng sanggane = ora rekasa
04. entheng tangane = seneng tandang gawe

G
01. (ng) gadho ati = gawe susah ati
02. gantung kepuh = sandhangane ora tau ganti
03. (ng) gantung untu = selak kepingin mangan
04. gedhe atine = tatag; ora kuwatir
05. gedhe endase = sombong (kemlungkung)
06. gedhe omonge = umuk ora ana nyatane
07. gedhe tekade = ora gampang pasrah
08. (ng) gedhekake puluk = ora ana prihatine
09. (ng) gegem tangan = kesed nyambut gawe
10. gilig rembuge = rembugane pasti/mesti
11. gilik tekade = tekade ora bakal mundur
12. (ng) gilud kawruh = golek ilmu kanthi mempeng
13. golek slamet = ati-ati supaya,ora cilaka
14. golek urip = nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I
01. idu geni = omongan tansah kelakon
02. ilat mati = ora bisa ngrasakake
03. ilang klilipe = ilang mungsuhe

J
01. jakalara = rikala nome rekasa
02. jembar dhadhane = sugih pangapura; sabar banget
03. jembar kawruhe = akèh ngilmune
04. jembar kubure = mlebu swarga
05. jembar polatane = sumringah
06. jembar segarane = sugih pangapura; sabar
07. jero kawruhe = akeh ngilmune; pinter

K
01. kadalu warsa = kasèp; wis kliwat
02. kandel kulite = digdaya; sekti
03. kandel kupinge = ora nggugu pitutur
04. kaku atine = tansah ora sarujuk/ sulaya
05. kasar tembunge = tembung saru
06. katon dhadhane = wani adu arep
07. kegugah atine = sadar/eling
08 kelèpètan ala = katut ala
09. kembang lambe = tansah digunem kebecikane
10. kakehan tangan = kakèhan sing nyandhak
11. kembang urip = lelakone wong urip werna-werna
12. kena tinenga-tenga = kena disambati
13. kenceng karepe = kekarepane kudu keturutan
14. kenceng tekade = tekade ora bakal mundur
15. kulak warta = golek kabar/warta
16. kuwat drajat = cocok dadi pemimpin/panguwasa
17. kuwat isin = mblebes ora isinan
18. kuwat mangan = mangane akeh

L
01. lambe tipis = criwis/akeh omonge
02. landhep dhengkul = kethul banget
03. landhep pikirane = pinter banget; gampang ngerti
04. lara ati = serik atine
05. lara ayu = lara cacar
06. lara owah = edan; gedheng
07. larang pangan = paceklik
08. lobok atine = sabar
09. luhur budine = kelakuane becik/apik
10. luhur drajate = dadi wong pangkat/panguwasa
11. lurus lakune = jujur
12. lumah tangan = ora gelem cawe-cawe
13. lunyu ilate = guneme mencla-mencle

M
01. manis eseme = esem ngresepakake ati
02. manis rembuge = guneme nyenengake ati
03. mara tangan = seneng gawe lara/milara
04. masa bodhoa = pasrah
05. mata dhuwitan = srakah marang dhuwit
06. mata loro = mangro tingal
07. mateni pangane = gawe ilang panguripane
08. mateng kawruhe = mumpuni; kawruhe wis tutug
09. mateng rembuge = guneme wis disarujuki
10. mati sandhang pangane = ilang dalane golek panguripane
11. mati raga = prihatin; tapa. tirakat
12. medhot dalan = ora diterusake
13. metani lupute = nggoleki salahe
14. meres kringet = nyambut gawe mempeng
15. meres pikir = temenan anggone mikirake
16. mogel ilate = mangan sing sarwa enak
17. mogol sinaune = ora tutug sekolahe
18. murang tata = kurang ajar; ora duwe duga

N
01. nandhang sungkawa = lagi susah
02. nandur kebecikan = gawe kebecikan
03. ngadu wuleding kulit = adu kekuwatan
04. ngangsu kawruh = golek ngelmu/meguru/sekolah
05. ngatonake siyunge = nuduhake kekuwatane/ kuwanene
06. ngatonake dhadhane = umuk; sumbar
07. ngekep dhengkul = nganggur ora nyambut gawe
08. ngendhaleni hawa napsu = nyegah kekarepan ala
09. ngepuh kringet = nyambut gawe mempeng
09. ngemut driji = ora oleh apa-apa
10. nyolok mata = ketara banget

O
01. oleh ati = disenengi
02. oleh gawe = kaleksanan
03. oleh wirang = kisinan
04. oleh lara = kalaran
05. ora duwe ati = kuwatir banget; wedi
06. ora melek = ora ngerti
07. ora ngundhuh = ora oleh apa-apa

P
01. padhang dalan = mlebu swarga
02. padhang hawa = lair ing donya
03. padhang langite = seneng
04. padhang pikire = lega seneng
05. padhang ulate = sumeh
06. pait getire urip = warna-warna lelakone wong urip
07. pait lelakone = urip rekasa
08. panas atine = nesu banget
09. pecah pamóre = wis ngancik diwasa
10. pecah pikir = wiwit bisa golèk srana
11. pedhes rembuge = guneme gawe serik
12. perih atine = susah banget
13. peteng atine/pikire = susah
14. pingget atine = serik
15. pulih getihe = pak-puk; ora kalah ora menang
16. puput yuswa = mati; seda

R
01. rai gedheg = ora duwe isin
02. (ng) rengga praja = njaga negara
03. (ng) rengga salira = dandan/macak
04. runtuh atine = tuwuh welase
05. rupak atine = cugetan/ora gampang ngapura
06. rupak jagade = judheg; ora bisa mrana-mrana

S
01. sabuk gelang = sawah akeh banget
02. sepi kawruh = bodho/ora duwe ilmu
03. sepi pamrih = ora duwe pamrih
04. seret rejekine = ora gampang golek rejeki
05. sesak dhadhane = mangkel/anyel
06. sumpeg atine = susah/ sedih

T
01. tadhah kalamangsa = dipangan
02. tadhah udan = lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
03. tatu atine = serik banget
04. tanpa tilas = entek bias
05. tipis lambene = criwis; seneng nggunem wong liya
06. thukul pikire = nduwe akal
07. thukul turune = nduwe anak

U
01. udan tangis = akeh sing padha nangisi
02. ulat peteng = katon nesu
03. ulat manis = sumeh
04. utang lara = tau nggawe laran wong liya
05. utang nyawa = tau nggawe patine wong liya
06. utang pati = tau nggawe patine wong liya
07. utang wirang = tau nggawe wirange wong liya

W
01. walang ati = simelang/kuwatir
02. wani mati = nekad/kendel banget
03. wani silit wedi rai = ora wani terang-terangan
04. weteng kadit = dremba/ora tampikan
05. weteng karet = panganane akeh
06. wedi getih = jirih/orawani
07. wedi kangelan = lumuh/kesed


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

Rabu, 18 Desember 2013

Punakawan



Punakawan utawa panakawan iku sebutan kanggo para pamomong (pangiring) para ksatria ing wayang. Punakawan biasanè metu nalikane wayah gara-gara.

Umume panakawan metu ing pagelaran nalika gara-gara, yaiku ngepasi tengah wengi nalika kahyangan ora tentrem lan ndonya kaya obah ngadhepi prahara. Iki katilik seka pangucap dhalang,"bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap". Panakawan kang kondhang ing tanah Jawa yaiku Semar, Gareng,Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang liyane kang dijupuk seka Indhia, panakawan asli seka Jawa.

Saliyane iku, ana uga Togog lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa negara-negara sebrang lan Kurawa. Dene emban kraton kang dadi pameling para putri yaiku Cangik lan Limbuk. Punakawan duwè karakter kang manéka warna.


Tokoh Punakawan


Semar

Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda.


Gareng
Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja. Nalagareng yaiku wong kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu.


Petruk

Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke. Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk uga pinter omong lan lucu.


Bagong

Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah. Bagong iku ateges layangan saka semar. Bagong duwe sifat lancang lan seneng berlagak goblok lan lucu.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Punakawan

Diposkan oleh Adnia Pravitasari



Rabu, 11 Desember 2013

Pandhawa





Pandhawa iku cacahe ana lima,mula terus kaprah diarani Pandhawa lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka pembarepe. Watake ambeg darma lan nrima ing pandum,adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro arane Werkudara ya Bima Sena.Pawakane gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sing nomer telu jenenge Raden Janaka ya Raden Arjuna kang kondhang baguse,  prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriya kembar kang dadi wuragile. Pandhawa lima mujudake satriya kang duweni watak utama, ambeg darma,lan luhur bebudine. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi.Pandhawa lima seneng welas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong kang nandhang sengsara.


Sumber : Remen Basa Jawi V
http://buguruari.blogspot.com/2013/09/pandhawa.html


Diposkan oleh Adnia Pravitasari

Selasa, 10 Desember 2013

Gamelan

Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.[1] Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2]Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.[1]Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.[2]

Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][rujukan?] Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. [2]Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra.[2] Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.[2]

Fungsi

1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung klompok, yaiku [3];
  1. Saron [3].
  2. Demung[3].
  3. Saron barung[3].
  4. Saron panerus[3].
  5. Slenthem[3].
  6. Bonang panembung[3].
  • Klompok ricikan/instrumèn garap, yaiku; ricikan-ricikan kang nggarapaké balungan
gendhing, kang kanthi cara nafsiraké banjur nerjemahaké liwat vokabulèr-vokabulèr (konvensi) garapan.[3] Ricikan/instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku [3]:

Instrumèn

 sumber

diposkan oleh Siti Meliana

JENENGE RATU LAN NEGARANE

  • Prabu   Arjuna Sasrabahu                    Ratu ing        Maespati
  • Prabu   Baladewa                                Ratu ing        Madura
  • Prabu   Basudewa                               Ratu Ing        Madura
  • Prabu   Basukarna (Karna)                  Ratu Ing        Ngawangga
  • Prabu   Bomanarakasura                      Ratu Ing        Trajutrisna
  • Prabu   Dasamuka                               Ratu Ing         Ngalengka
  • Prabu   Dasarata                                  Ratu Ing         Ngayodya
  • Prabu   Drupada                                  Ratu Ing         Cempala
  • Prabu   Drestarata                                Ratu Ing         Ngastina
  • Prabu   Kresna                                     Ratu Ing         Dwarawati
  • Prabu   Maswapati                               Ratu Ing         Wiratha
  • Prabu   Niwatakawaca                         Ratu Ing         Iman Imantaka
  • Prabu   Pandhu Dewanata                     Ratu Ing         Ngastina
  • Prabu   Parikesit                                   Ratu Ing         Ngastina
  • Prabu   Puntadewa                                Ratu Ing         Ngamarta
  • Prabu   Ramawijaya                              Ratu Ing         Pancawati
  • Prabu   Salya                                         Ratu Ing         Mandakara
  • Prabu   Sugriwa                                     Ratu Ing         Guwakiskendha
  • Prabu   Suyudana                                   Ratu Ing         Ngestian
sumber

diposkan oleh Siti Meliana

Jeneng Satriya lan Kasatriyane

Ana ing babagan pewayangan, ing ngisor iki saperangan jenenge satriya lan kasatriyane. Nyuwun pangapura amarga durung jangkep.

  1. R. Abimanyu                                  satriya : Plangkawati/Tanjunganom
  2. R. Anoman                                     satriya : Kendhalisada
  3. R. Antareja                                    satriya : Jangkar Bumi
  4. R. Arjuna/Janaka                           satriya : Madukara
  5. R. Aswatama                                 satriya : Sokalima
  6. R. Bimasena/Werkudara                satriya : Jodhipati
  7. R. Drestajumena                            satriya : Cempalaradya
  8. R. Dursasana                                 satriya : Banjar Junut
  9. R. Gathutkaca                                satriya : Pringgandani
  10. R. Jayadrata                                  satriya : Buwana Keling
  11. R. Kumbakarna                              satriya : Panglebur Gangsa
  12. R. Lesmana Mandra Kumara          satriya : Saroja Binangun
  13. R. Nakula                                       satriya : Sawojajar
  14. R. Sadewa                                     satriya : Bumi Retawu
  15. R. Samba                                       satriya : Parang Garudha
  16. R. Setyaki                                      satriya : Lesanpura/Garbaruci
  17. R. Sengkuni/Arya Suman               satriya : Plasa Jenar
  18. R. Irawan                                      satriya : Yasarata
  19. R. Antasena                                  satriya : Sapta Baruna
  20. R. Kartamarma                              satriya : Tirta Tinalang
  21. R. Setyaka                                    satriya : Tambak Mas
  22. R. Udawa                                      satriya : Widarakandhang
 sumber

diposkan oleh Siti Meliana

Aksara Jawa



sumber



 diposkan oleh Siti Meliana

Purwakanthi

Purwakanthi

Langsung menyang: pandhu arah, pados
Purwakanthi utawa aliterasi yaiku unèn-unèn utawa ukara kang runtut basa utawa sastrané. Purwakanthi kang runtut basané jenengé purwakanthi basa, déné yèn ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane:
Purwakanthi miturut wujudé kaperang dadi telu, yaiku :

A.Purwakanthi swara

Purwakanthi swara yaiku unèn-unèn kang runtut swarané (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Désa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para

B.Purwakanthi sastra

Purwakanthi sastra yaiku unèn-unèn kang runtut sastrané (konsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo

C.Purwakanthi basa/lumaksita

Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unèn-unèn kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasané gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra

sumber

diposkan oleh Siti Meliana

Parikan

Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikan

Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
  • kadadèn saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadadean saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Deko tiyang nggantheng Tapi kok homo?

Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:

Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda )
Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )
Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda )
Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda )

Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).

Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2

Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Wetan kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada abote
Ali-ali temunpang kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora rumongsa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa

Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Tuladha parikan warna telu

Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2

Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
tuku  belut karo iwak lele
ojo gelut karo bolo dhewe
Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar

Kiwa tengen gawa jamu
Aku kangen pingin temu

Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2

Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur

Manuk kutut, manggunge ngganter
Yen ra nurut, bisa keblinger

Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2

Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).

4 wanda - 4 wanda

wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca
manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter

4 wanda - 8 wanda

tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa

8 wanda - 8 wanda

kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
 
sumber 

diposkan oleh Siti Meliana

Wangsalan

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan

  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi

  • Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

sumber

diposkan oleh Siti Meliana

Cangkriman

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan
  • cangkriman liya-liyané

Cangkriman Wancahan

Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contoné:
  • kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • yumaerong = yuyu omahé ngerong
  • suru bregitu = asu turu di bregi watu
  • pakboletus = tepak kebo lelene satus

Cangkriman Pepindhan

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
  • Sega sekepel dirubung semut = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Emboké wuda, anaké tapihan = pring

Cangkriman Blèndèran

Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil

Cangkriman kang kacetak wacanan

Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)
sumber 
diposkan oleh Siti Meliana

Tembang Macapat

Mijil      
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima


Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri


Megatruh                                                                                                   
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara



sumber


diposkan oleh Siti Meliana

Undha-usuk Basa




Basa Jawi inggih menika basa ingkang nggadhahi undha-usuk basa utawi unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa menika kalebet adat sopan santun nalika ngginakaken Basa Jawi. Adat sopan santun menika nggambaraken tindak-tandukipun satunggaling tiyang wonten masyarakat.
Miturut Harjawiyana lan Supriya (2001: 17-19) undha-usuk basa saged dipunpilah dados kalih, inggih menika undha-usuk basa ing jaman kejawen lan undha-usuk basa ing jaman modern. Undha-usuk ing jaman kejawen inggih menika nalika jaman Keraton Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Sarta undha-usuk basa ing jaman modern menika dipuntengeri saksampunipun proklamasi Indonesia tanggal 17 Agustus 1945.
Undha-usuk basa Jawi ing jaman kejawen wonten enem, lan undha-usuk ing jaman modern wonten kalih. Undha-usuk kasebat inggih menika :
a.       Undha-usuk basa ing jaman kejawen
1.      Basa ngoko           → ngoko lugu
→ ngoko andhap  → antya basa
                              → basa antya
2.      Basa madya           → madya ngoko
→ madyantara
→ madya krama
3.      Basa krama desa
4.      Basa krama            → mudha krama
→ kramantara
→ wredha krama
5.      Basa krama inggil
6.      Basa kedhaton

b.      Undha-usuk basa ing jaman modern
1.      Basa ngoko           → ngoko lugu
→ ngoko alus
2.      Basa karma            → krama lugu
→ krama alus
Basa menika nggadhahi sipat dinamis, inggih menika tansah rubah manut ing kemajuan jaman. Basa Jawi ugi nggadhahi sipat menika, kadosta undha-usuk basa ingkang langkung umum naming dados kalih inggih menika ngoko lan krama. Ngoko dipunpilah dados ngoko lugu lan ngoko alus, nalika krama dipunpilah dados krama lugu lan krama alus. 

sumber: Kamus Bahasa Jawa
diposkan oleh Siti Meliana