Rabu, 01 Januari 2014

tari piring

Tari Piring utawa kang asring diarani Tari Piriang ing Basa Minangkabau iku salah siji kasenian beksa/ jejogedan saka Minangkabau kang luwih pase saka kutha Solok, propinsi Sumatra Kulon. Beksan iki dilakokake kanthi piranti piring. Piring-piring kasebut nalika digunakake ora dientuke ciblok saka tangane pambekasn.[1].

Sajarah

Kawiwitan, nalika jaman biyen beksan iki awujud upacara minangka rasa sukure warga marang dewa-dewa amarga panene kasil kanthi akeh. Upacara iki nggunakake sajen awujud panganan kang diwadhahi piring.[2].
Sawise agama Islam mlebu ing Minangkabau, beksan piring wis ora digunakake minangka upacara rasa sukur marang dewa.[3]. Saiki beksan kasebut dadi beksan kang lumrah dilakokake dening warga lan dadi panglipur nalika ana acara.

Tata Cara Mbeksan

Beksan piring iku beksan kang kabentuk saka beksan, lelagon lan pencak silat saka Minangkabau utawa kang diarani silek. Beksan piring nggunakake piring loro kang dideleh ana ing epek-epek (tangan) banjur digoyang-goyang kang saya suwe saya cepet obahe. Sawise jejogedan, banjur piring-piring kang digunakake joged dibanting ing latar, banjur para pambeksan padha mbeksa ing sadhuwure pecahan piring.[4]
Beksan iki dilakokake kanthi cara kelompok utawa kanthi pasang-pasangan. Beksan iki diiringi piranti musik Talempong lan Saluang. Cacahe wong kang mbeksa cacahe ganjil, kayata telu, lima, utawa pitu. Wiwitane iringan lagu beksa iki keprungu kanthi alon lan lembut, saya suwe iringane keprungu saya cepet. Busana kang digunakake dening para pambeksa iku wernane kudu padhang, kayata werna abang, lan kuning semu emas.

sumber
diposkan oleh Siti Meliana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar