Désa-désa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas désa punika désa-désa wonten kabupatèn Blora Blora. Kabupatèn Blora punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten Jawi Tengah.
Biasanipun sedhekah bumi punika saben dhaérah bènten-bènten paleksanaanipun miturut penanggalan Jawi. Tuladhanipun ing désa Randublatung, sedhekah bumi dipunwontenaken saben dinten pasaran Rebo pon, ing désa Sawahan saben dinten Jemuwah legi, lan saben désa kagungan dinten piyambak-piyambak.
Wonten ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kanggé bancaan, kadosta jajan pasar, pasung, dumbeg, tumpeng jajan pasar lan sanesipun. Saksampunipun siap, ubarampé punika dipunbekta lan dipunkempalaken dados satunggal wonten panggénan ingkang biasanipun dipun anggep panggènan ingkang dados cikal bakal désa punika. Saksampunipun dipundongani ubarampé utawi bancaan ingkang kathah wau dados rebutan warga désa ingkang wonten papan panggènan bancaan sedhekah bumi punika.
Acara punika dipunsambung kaliyan hiburan rakyat kados barongan, kethoprak, seni tayub, campursari, utawi wayang kulit.
Jajan-jajan ingkang biasanipun diagem inggih punika inggih;
- dumbeg (bahan glepung ketan, gula krambil, santen, dibungkus ngagem blarak arén),
- pasung (bahan glepung beras dipun kukus),
- apem (bahan glepung beras),
- jadah (bahan beras ketan, krambil, didheplok-ditutu),
- tapé ketan bungkusan godhong gedhang.
sumber
diposkan oleh Siti Meliana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar